- Kata Kata Undangan Pernikahan, Inspirasi dan Contoh Kalimat
- Kata-Kata Undangan Pernikahan Via WA Sms Facebook Dan Media Sosial
- 10 Situs Terbaik untuk Membuat Undangan Digital Pernikahan Gratis
1. Krama Inggil
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Kairing Sagunging Pakurmatan.
Sesarengan kalian serat menika kula nyaosi pirsa, mugi Gusti Allah SWT
Tansah hangganjar kawilujengan ing samudayanipun
Kulo badhe hanggadhahi khajat hangemah-emahaken yoga kulo estri ingkang name,
Siti Khoiriah
Putri Bapak Ganjar Purnomo & Ibu Zaenab
Kaliyan
Agus Mulyanto
Putra Bapak Much. Hardjo & Ibu Siti Sumarsih
Ingkang menika, menawi sepen ing sedaya reribetan saha dhangan ing penggalih,
Keprenga kulo ngaturi rawuh panjenengan sekaliyan
Ing pahargyan dhauping pinangenten mbenjang,
Dinen : Sabtu
Surya kaping : 2 Februari 2020
Panggenan : Gedung Madu Chandya Yogyakarta
Saperlu hangestreni saa paring donga pangestu
Dhumateng pinaganten kekalih sumrambah ing sedayanipun.
Mekaten atur kula, awit rawuh saha paring dinga pangestunipun Bapak Ibu sekaliyan, kulo ngaturaken aguningin panuwun. Matur nuwun
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur taklim kula,
Kel. Bapak Guntoro
Ibu Meidiana
Kel. Bapak Heru Herbowo
Ibu Maemunah
2. Krama Halus
Nambut Silaning Akrami
Indra Hadi Suryo, S.Pd.
Putra Bpk. Mardoko, S.Pd. / Ibu Purwati
Tempuran, Balecatur, Jember
Kaliyan
Dewi Sri Anjani, Amd.Keb.
Putri Bpk. Saiful / Ibu Sumini
Ngampelrejo, Tegalrejo, Jember
Ingkang sampun nindakaken syariat agami Allah, serta tuntunaning Rasullah, kanti dhaup suci
dinten Jumat, 9 April 2020, wanci tabuh : 08.00, wonten ing Masjid Darus Sholihin Ngampelrejo
Kencong, April 2020
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Winantu sagunging pakurmatan, kanthi lumaraping nawala sedhahan,
minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan,
sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal,
kula sebrayat hangadhahi pangangkah badhe ngawontenaken syukuran
tuwin pawiwahan dhauping sri penganten anak kula,
Dinten : Rabu
Surya Kaping : 14 April 2020
Wanci Tabuh : 11.00 – 14.00 WIB
Mapan ing : Dusun Tempuran, Balecatur, Kencong
Setuhu badhe damel bombong saha mongkoging manah kula sebrayat,
bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala Bapak/Ibu
kepareng rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti
dhumateng anak kula sri penganten, supados dados kaluwarga ingkang bagya mulya.
Wasana kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun
saha nyuwun lubering pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula
Bpk. Mardoko, S.Pd.
Ibu Purwati
Ari & Nanik
3. Contoh lainnya
Serat Ulem
Asssalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
Lan saka sawenehe ayat tandha yekti kasampurnaning kekuasaa-Ne Allah, yaiku
Panjenengan-Ne wus nitahke tumpra sira kabeh pirang-pirang jodho
saka jenis awakiro supaya sira padha tentrem kalawan dheweke lan
panjenengan-Ne adamel kesenengan lan rasa asih
ana ing antara nira, Sanyata kang mangkono iku temen dadi tandha
yekti tumprap wong kang padha gelem mikir.
(Ar-Ruum : 21)
Nambut silalahing akrami
Ruspitaningrum, S.Si
Putri Bpk. Karsudi (Alm) & Ibu Badriyah, S.Pd
dhaup kalian
Achmad Syayuti, ST
Putra Bpk. Achmad Sibly & Ibu Sumiaty
Ijab Qobul:
Dinten: Ahad, Suryo Kaping: 13 Juni 2010
Wanci Jam : 07.00 WIB
Wonten ing: Masjid Darussalam Ds. Pugeran
Maguwoharjo-Yogyakarta
Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
Winantu sagunging pakurmatan, Nuwun kanthi kanyadong sih
Rahmating Gusti Ingkang Maha Asih Keparengo kulo ngaturi
rawuh panjenengan sekalian benjing ing:
Dinten: Ahad, Suryo Kaping: 13 Juni 2010
Wanci Jam : 13.00 WIB
Wonten ing: Ds. Pugeran
Maguwoharjo-Yogyakarta
Saperlu paring tambahing donga pangestu anggen kula badhe
ngijabaken anak kula, sumrambah ing sadayanipun.
Wusana rawuh panjenangan sekalian badhe handayani saha nambahi bombonge
manah kulo, awit saking puniko kulo ngaturaken sanget agunging panuwun.
Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula.
Keluarga,
Bpk. Karsudi (Alm)
Yogyakarta
Ningrum & Achmad
Keluarga,
Bpk. Achmad Sibly
Medan
Kesimpulan
Kesimpulannya, memilih undangan pernikahan yang tepat sangat penting untuk menciptakan kesan yang anggun dan sopan, terutama dalam budaya Jawa. Tiga contoh undangan nikah bahasa Jawa halus yang telah dibahas menunjukkan berbagai gaya dan kata-kata yang bisa digunakan untuk mengekspresikan rasa hormat dan keindahan dalam pernikahan.
Dengan memilih salah satu dari contoh tersebut, Anda tidak hanya menghormati tradisi, tetapi juga menambahkan sentuhan elegan pada hari istimewa Anda. Semoga contoh-contoh ini dapat menginspirasi dan mempermudah Anda dalam membuat undangan pernikahan yang sempurna.